Blogger Widgets
Facebook Twitter RSS
banner

TEKS DRAMA BHS DAERAH

TEKS DRAMA BHS DAERAH JUDUL:RAPAT KARTINIAN PEMAIN: 1.TAKAS BAYU V SEBAGAI DONI 2.OBBY GANANG K SEBAGAI BASUKI 3.GALANG A.R SEBAGAI HARIYO 4.FAJAR RACHMANTO SEBAGAI SORAYA 5.GIARDO ALDINO SEBAGAI PAK LURAH 6.REDIN SURYA B.S SEBAGAI PAK CARIK BABAK 1 Wektu iku ana bocah loro seng jenenege Doni
lan Basuki kang lagi ngenteni kancane sing jenenge Hariyo lan Soraya arep menyang rapat Doni : Konco - konco liyane arep mrene jam piro yo? kok wis jam papat durung teko? Basuki : aku pisan yo bingung Hariyo lan Soraya kok gurung teko ? Doni : palingo sek nang sekolahan Basuki: aku wis ngabari konco - konco nak ngumpul ning kene jam telu lho. Mbuh ki kok podo durung tekan. Doni : yo wis enake lungguh sek ae Basuki :(ngetuti Doni karo melok lunguh .Mari ngono Soraya teko) Doni : piye lah Sor Sor Soraya Soraya kok jam semene lagi podo teko. Selak acarane dimulai lho. Soraya : sepurane Don aku ono keperluan ndadhak Basuki : ora opo opo Sor, Hariyo barang yo sek gurung teko Soraya : o. . . . . . yo wis Doni : wenake remian sek ae rek Soraya : kon nggowo remi a Don Doni : nggowo ta Basuki : ayo wes Don ucuten remimu (mari ngono Doni ,Basuki,lan Soraya lungguh karo ngenteni Doni mbagi remi ) Soraya : ayo sopo sek ,aku sek yo Basuki +Doni : yo (gurung suwe anggon remian Hariyo teko) BABAK 2 Ing anggone Basuki ,Soraya,lan Doni remian iku karo ngenteni Hariyo. Mari ngono Hariyo teko Soraya nakoni Hariyo Soraya : tekan endi kon Har aku nang kene suwe ngenteni kon Har (ambek ngamuk Soraya ngomongake) Hariyo : ngapurane rek...aku ono pelajaran tambahan sing ora terjadwal. Dadine aku bali sekolah rodo telat Soraya : untung Har kon wes teko Basuki : wis ah, sing penting wis podo kumpul. ayo mangkat. (Doni, Basuki, Hariyo, lan Soraya mangkat nyang Bale Deso. tekan Bale Deso, acara rapat wis dimulai) BABAK 3 Akhire Hariyo teko mari ngono Basuki,Doni, lan Soraya banjur menyang nang Balai Deso, sakwise sampek ing Balai Deso akhire ketemu pak lurah PAK LURAH : we lha dhalah..kok lagi podo kethok ki piye. Rapat wis dimulai sejaman lho Hariyo: nyuwunsewu Pak Lurah, telat amargi nenggo rencang - rencang kempal PAK LURAH : yo wis ora opo - opo. kono ndang lungguh Hariyo : inggih pak lurah PAK CARIK : Saged dipun lanjutaken pak? PAK LURAH : nggih monggo PAK CARIK : amargi adik - adik karang taruna sampun dugi, monggo kito lanjutaken malih ngrembak acara kartinian ingkang badhe dipun laksanaaken sasi ngajeng ngajeng. PAK LURAH : acara ingkang badhe dipun laksanaaken: pasar mirah, bhakti sosial, lomba miru jarik, lomba masak kagem bapak - bapak lan lomba masang sanggul. PAK CARIK : kagem acara pasar mirah lan bhakti sosial, sedoyo dados tanggung jawabipun adik - adik karang taruna. Lan kagem acara lomba miru jarik, lomba masak kagem bapak - bapak, lan lomba masang sanggul, sedoyo dados tanggung jawabipun ibu - ibu PKK Dusun. Monggo ingkang badhe usul. Hariyo : menawi kagem pasar mirah, mangkih ingkang dipun sade namung bahan kebutuhan pokok? PAK LURAH : Bahan kebutuhan pokok lan sandangan ingkang pantes dipun agem PAK CARIK : Monggo kagem adik - adik karang taruna lan ibu-ibu PKK dusun enggal - enggal nyusun proposal lan dipun ajukaken dateng Pak Lurah kangge keperluan anggaran. Hariyo : Minggu ngajeng proposal kedah sampun dados lan sampun dipun setujuni kaliyan Pak Lurah. PAK CARIK : kulo kinten cekap semanten rapat dinten niki, minggu ngajeng kito sedoyo kempal malih kangge mbahas acara ingkang luwih rinci. PAK CARIK : maturnuwun rawuhipun lan wassalamu'alaikum wr. wb

SHARE THIS POST

  • Facebook
  • Twitter
  • Myspace
  • Google Buzz
  • Reddit
  • Stumnleupon
  • Delicious
  • Digg
  • Technorati
Author: admin
Lorem ipsum dolor sit amet, contetur adipcing elit, sed do eiusmod temor incidunt ut labore et dolore agna aliqua. Lorem ipsum dolor sit amet.

0 komentar: